wartaBerita Nasional

Awas Kebleberan Lelehe Gunung Es "Dagang Jabatan"

Selasa, 03 Januari 2017, 14:29 bbwi
Foto: Warta Blora.Com

Illustrasi : Istimewa


BIYUH gegere ora eram kabar operasi tangkap tangan (OTT) KPK kanggo Bupati Klaten. Nganti saiki wong mberah ngrembug perkara iku. Jengene wong mberah, omongane yo dho pating clemot. Ana sing muni mesake Bupati Klaten - nasib ae - wong sakjane perkara mengkonok (dugaan suap promosi jabatan) ana ning ndi-ndi.

Sakliyane iku ana sing mbenerke kedadeyan ning Klaten iku maeng. Arepa-repe mugo kedadeyan ning Klaten iku maeng kena dienggo jendela mlebu KPK ning daerah liya - ngenani perkara podho.

''Perkara dugaan jual beli jabatan ngono ana sing ngibaratke kaya fenomena gung es leh, Sis. Saiki gunung es - e wis leleh sithik. Yo kudune dho ati-ati ae ojo sampek kebleberan lelehe gunung es "Dagang jabatan" iku maeng,'' aloke Min Singo nalika ketemu sobat karibe sing jengene Lik Sis.

Krungu rembug ngono iku, Lik Sis mung mesam-mesem. ''Sssttt ojo waton ngomong Kowe Min, jaman saiki lho .. mengko nek dadi perkara. Ojo waton ngomong ning ngomongo sing nganggo waton,'' semaure Lik Sis setengah kandhan-kandhan.

Setali tiga uang karo Koordinator KP2KKN Jateng, Min Singo ngaku ya melu miris ngenani ana pejabat publik nampa suap soko bawahane. Apa meneh Bupati sing saiki kesangkut perkara iku maeng ya melu tandatangan pakta integritas yang dinisiasi Gubernur Ganjar Pranowo. Singo ya melu ngamini anane pinemu menawa korupsi gratifikasi kaya fenomena gunung es.


Digoleki Punjere

Ning batin Lik Sis ya mbenerna apa sing diomong, sing dirasa lan sing diduga Min Singa. Mung ae, dheweke nduwe pinemu- sing wis dadi perkara ya wis - sing durung ae kudune digoleki punjere. Kena apa kok isa sampek ana kedadeyan ngono iku.

Misale, kedadeyan ning Klaten iku mau apa punjere merga ongkos politik sing larang nganggo banget. Merga larang iku mau, terus buntute dho nggolek pulihan - nggunake promosi pejabat ning lingkungan pemerintahan didadeke komoditas utawa dagangan kanggo nggolek pulihan. Syukur-syukur iso untung. ''Iku Min nek jareku. Digoleki punjere perkara, supaya ning tembe mburi kedadeyan sing podho ora terulang meneh.''

''Halah omong apa leh Sis. Ngono iku ngerti apa pura-pura ogak paham,'' pasemone Singo.

''Ya ogak ngono Min ! Nek karepku mbok menawa yo dirungokno para pemimpin sing nggawe kebijakan,'' ogak trimo disemoni, Lik Sis terus akeh-akeh ngudarasa. Dikandhakno, ketoke perlu dipkir pemimpin-pemimpin sing ana ning pusat saiki iku, piye carane supaya kedadeyan ning Klaten ora kedadeyan ning kabupaten-kabupaten liyane.

Menawa digoleki punjere perkara, iso ae disusun sistem piye carane ongkos politik nyalon Bupati, Wakil Bupati lan nyalon sakpanunggalnae ora larang. Tujuane, sapa ae sing menang calonan, mengkone ora arep nggolek pulihan, menghalalkan segala cara - termasuk ndadeke promosi jabatan dadi komoditas utawa dagangan kanggo nggolek pulihan. Termasuk ndadekna sambarang kanggo dagangan supaya mbaleke modal.

''Malah ora mung iku tho Min,'' Lik Sis mbacutno rembug. Nek isa piye carane ditata, supaya ora ana geger job jabatan sakwise ana calonan. Sing kedadeyan saiki iku, angger bar ana pilihan, mesthi ana geger perkara entuk promosi jabatan lan ke kothak.

Lakon sing ana, sapa sing ndukung calon dadi bakal arep mukti merga jabatane promosi. Sewalike sing ndelalah ana pejabat ndukung calon sing ora dadi bakal ke kotak. Angel ncen ngudari perkara iki - mergane kaya wis dadi hukum alam sing dianggep lumrah.

Perkara aturan ASN, sapa ae PNS ora kena berpolitik praktis, ning Pilkada - ketoke kabeh iku mau mung terori, kenyataane ora kaya ngono iku. Mula kedadeyan mukti lan ke kothak mesthi bakal ana sakwise ana calonan.

''Alah sing mbok omongno ngono iku ibarat kaya njaring angin, Sis. Gampang diucapno nanging angel dilakoni,'' rembuge Singa kaya wis wegah ngrungokno ceramahe Sis. Lik Sis mung meneg dhadha. Ning batin ya mebenerna apa sing diomongno karo Singo - nanging ning tata lair ya mikir, terus kedadeyan ngono iku - magepokan karo calonan kudu terus nggawa korban arep nganti kapan.

Nut jaman kelakone - jamane wis jaman edan yen ora melu ngedan ora keduman. Nanging luwih becik iku dadio wong kang ati-ati lan waspada. (*)



Warta Terkait

Jumat, 21 Juli 2017 | 16:24 bbwi

Rabu, 28 Juni 2017 | 15:58 bbwi

Rabu, 28 Juni 2017 | 15:54 bbwi

Selasa, 03 Januari 2017 | 14:24 bbwi